Fèstival, Karnaval, Kirab…..
Kutha Sala lagi banjir kegiyatan. Ana karnaval batik (28 Juni), fèstival pertunjukan beksan duwèké Pura Mangkunegaran (4-5 Juli), lan sasi ngarep ana manèh, yaiku Solo International Performing Arts/SIPA, 7-10 Agustus. Salebaré iku isih ana kirab busana ètnis, yaiku busana suku-suku sing ana ing Kutha Sala. Tambah ramé pokoké. Sanajan kabèh kuwi mau linabaran niyat becik, [...]


