Saben kampung ing Kutha Sala, prasasat duwé grup kroncong. Malah, ana akèh kampung sing duwé grup luwih saka siji. Ana sing diniyati kanggo makarya, nanging ora kurang sing sejatiné mung kanggo seneng-seneng. Warga dadi guyub, paling ora wektu latihan, akèh tangga sing padha nglumpuk melu nglaras.
Manpangaté uga ora kurang kanggo warga kampungé. Yèn pinuju pèngetan pitulasan utawa ana sing lagi duwé gawé, umpamané, ora usah ngetokaké wragad kanggo nanggap grup campursari, organ tunggal lan sapanunggalané. Yèn kurang marem, cukup methil bidhuan utawa sangrès sing dianggep apik lan nyenengkèh.
Sanajan siji-loro ana sing nganggo jenèwer utawa banyu landa kanthi alesan kanggo nyemangati latihané, ya wis bèn dijarké waé. Waton kelakuané ora wagu lan ngganggu gawé kiwa-tengené, cukup dinengké. Sing penting, yèn pinuju manggung ana satengahé pahargyan utawa acara resmi ora padha mendem. Bakuné cukup diélingaké, ngombé iku ora becik, apa manèh yèn kedhuwuren sin njalari ilat pelo, nyanyi bléro lan marakaké ora jejeg ngadeg.
Kroncong sing pancèn urip awit mbiyèn kudu dileluri ben sansaya ngrembaka, kanggo gawé regengé kampung lan dhésa. Yèn wargané hèpi, nyambut gawéné bakal sengkut.
Sing dadi perkara, piyé carané nggawé kahanan kaya mangkono dadi bandhané kutha, sing bisa didadèkaké salah sawijiné dodolan pariwisata Kutha Sala. Wis ora jamané dianakaké pembinaan kanthi modhèl Orde Baru, nanging luwih trep yèn disurung lan disengkuyung amrih moncèré grup-grup kroncong sing wis urip ana kampung-kampung.
Dianakaké lomba, umpamané, bisa kanggo nyurung grup-grup sing ana dadi ‘saling berkompetisi’, adu becik apik-apikan. Ya kwalitèt musikalitasé, penampilan, semono uga olah vokal para penyanyiné. Bisa uga lumantar lomba bisa nglairaké karya-karya garap kroncong anyar, tembang-tembang anyar lan sapanunggalané.
Bisa uga pemerintah maringi fasilitas awujud nggawé rekaman lagu-agu anyar sing naté menang lomba utawa grup-grup favorit lan pinunjul. Asil saka royaltiné bisa nambah cèlèngané grup utawa individu, sing ateges dadi majokaké perékonomian masyarakat lumantar lakuné nguri-uri kabudayan lan olah seni.
Sanajan kroncong asalé saka mancanagari, nyatané warga Kutha Sala wis kasil anggoné ngleluri lan ngrembakakaké kroncong kanthi céngkok-céngkok anyar lan khas Sala. Mula, ora muluk-muluk saumpama kroncong didadèkaké salah sawijining kabudayan lokalé, sesandhingan karo karawitan lan sapanunggalané.
Nyatané, ora mung tumrap tembang-tembang Jawa utawa langgam sing kepénak diiringi nganggo kroncong, lagu-laguné suwargi Michael Jackson, Nat King Cole utawa Koes Plus lan Nidji uga bisa dilagokaké kanthi céngkok kroncong Sala.



PertamaX…..
Nek, nggonku seh jarang kroncongan, malah do seneng seng jenenge koes-plusan….
aku nduwe biola, ning nek tak gawa ning latihan keroncongan ning kampung, kabeh dho prengat-prengut, sebabe nek aku melu main biola, mesthi wae orkese dadi fales… hihihi
aku seneng banget ngrungoke musik keroncong…. adem neng ati…. dadi inget wektu ijik mahasiswa ; main n nyanyi keroncong neng kampus
Musik keroncong ngademno ati.
Mak syuur.
Iyo, selain faless, yo egois barang…, dirungok2e dewe…, cedak kuping sisan….
photoku kok ora ono yo? …. hiks