Kutha Sala lagi banjir kegiyatan. Ana karnaval batik (28 Juni), fèstival pertunjukan beksan duwèké Pura Mangkunegaran (4-5 Juli), lan sasi ngarep ana manèh, yaiku Solo International Performing Arts/SIPA, 7-10 Agustus. Salebaré iku isih ana kirab busana ètnis, yaiku busana suku-suku sing ana ing Kutha Sala. Tambah ramé pokoké.
Sanajan kabèh kuwi mau linabaran niyat becik, émané isih rada akèh kurangé. Fèstival Mangkunegaran, umpamané, swasanané dadi kaya wong-wong lagi ngrubung bakul obat ana satengahé alun-alun lor. Pendhapa sing kuduné mènèhi rasa agung lan khidmad dadi ora karu-karuan. Prasasat kabèh wong bisa pencilakan.
Sanajan ora setuju féodal-féodalan, nanging miturut panemuku, empan papan tetep perlu. Pancèn Mangkunegaran wis kawentar rasa égalitèré awit mbiyèn tinimbang Kraton Kasunanan. Pendhapa, saliyané kanggo nampa pisowanan rakyat marang rajané, pancèn lumrah kanggo pésta-parisuka.
Nanging, sing jenengé pendhapa, sing sakané akèh katon reged yèn disèlèhi kursi ana sandhuwuré. Prayogané, yèn pancèn kanggo nganakaké pertunjukan langen beksan, ya sing mbeksa lan para niyaga kang ngiringi waé sing ana kana. Para pamirsa cukup ana ngisor, nyawang saka rada adoh sethithik supaya aura pendhapa luwi bias dirasa.
Nanging arep kepriyé manèh, nyatané isih akèh wong sing ora nggatèkaké babagan siji kuwi. Kaya déné festival sing bakal diadani wulan ngarep, kabaré bakal ana pertunjukan téater, beksan kontèmporèr lan musik.
Tontonan sandiwara (téater), jaréné bakal diadani mapan ing Pamédan Mangkunegaran. Saumpama bener mangkono, rasané bakal ndhagel. Sing diarani seni drama utawa téater modhèren iku, ora mung wawan-pangandikan utawa dialog-é bias dirungu. Ana seni olah swara utawa vokal, uga seni peran (akting), urusan tata lampu lan kaéndahan utawa artistik.
Saumpama kethoprak utawa wayang wong, para paragané bisa ditemplèki mikropon. Nanging yèn drama modhèren kok ndadak nganggo mikropon, wis genah iku mlebu ‘tlatah’ dhagelan utawa wagu.
Sing kabèh wis padha ngerti, kabèh tontonan kaya mangkono iku bisa ngramèkaké utawa gawé regengé Kutha Sala. Para priyayi njaban kutha lan saka negara manca bisa dolan lan suka-parisuka. Kiya-kiya dhedhaharan kang sarwa nyamleng, banjur padha mborong olèh-olèh, embuh iku panganan, bathik utawa kerajinan.
Sing perlu digatèkaké sapa waé, utamané punggawa pemerintah, prayoga nggatèkaké klambi, wadhah, wungkus utawa ‘kemasan’ acara. Ora kena grusa-grusu, endi sing èlèk banjur digawé luwih apik mbesuké, sing kurang uga perlu ditambahi bèn dadi pas, sokur luwih, lan sapanunggalané.
Mumpung walikotané apik bebudèné, nggawé gampang kabèh perkara waton bisa ngramèkaké kutha lan nuwuhaké kabecikan marang rakyaté (ya ékonominé, rasa tentremé, lsp.), ora ilok yèn kabèh sing nyengkuyung kurang pétung. Sebab yèn isih nganggo pathokan sing mung mligi waton ramé, bakalé malah dadi gawé.
Para pelancong lan masyarakat Sala butuh tontonan sing pancèn pantes ditonton. Supaya sapungkuré bisa crita marang sedulur lan kanca-kancané, banjur padha kepincut dolan Sala. Ayo padha gumrégah ngapikaké Kutha Sala, bebarengan karo para pangrèh praja.



Aku sakjane pengen budhal motret acara ing Mangkunegaran kuwi, nanging kok hawane radha males, hehe. Terus aku nyawang fotone kancaku, daksawang kok penontone padha ngadek, radha cedhak karo sing nari. Lha apa ra ana lingguhane tha? Nek padha lungguhan kan luwih apik.
Yo, dakdongakake muga2 Sala tambah maju lan lancar rejekine alias ekonomine. Nek Sala wis maju, muga2 Sragen yo iso melu maju, haha!
muga wae kabeh acara iki iso nguri-nguri budaya jawi seng agung, ayo tho tangi ojo mung ngimpi
)
yen solo wes terkenal keg mlayu ngetan wae … karanganyar
*dadi kelingan pas sech smp [moco katon alon-alon nanging kelakon]
Mangga kula aturi urun rembug babagan Solo International Performing Arts/ SIPA ingkang bade kaleksanan ing tanggal 7-10 Agustus 2009. Mugi SIPA punika sageda dados acara ingkang moncer sak donya, mboten dados acara ingkang ndagel. Kula tengga wonten sekretariat SIPA, jl. Dr. Supomo 7 Solo, utawi email sipacommunity@yahoo.com
Mumpung dereng kebacut….
mugo2 lancar acarane lan sukses… trus
Mugi-mugi acarane lancar, mak ples…